Contoh panyandra
temanten
Paripurna titilaksana lampahing upacara adat widi lan widana
wonten ing sak ngajenging panti pahargyan,nalika samana kawistara sri atmaja
pinangantyan sarimbit sampun sinengemban sindur dening ingkan rama,pasemone
yekti daup iro wus tinuntun dening reh kautaman,mugya samangke datan nalisir
saking anger ungering kautaman.
Kawistara sri atmaja pinagantyan sampun lumaksana kanthi
kekantenan asta bebasan datan genggang sarekma pinarasasra.Sembada ing
driya,tan mingkuh salwiring kewuh,yen yo tamtama sumbaga wiratama,prawira
jayeng palugon,tatag tangguh tanggon sarta kebaking raos tanggung jawab.
Lumaksana tumuju wonten pernahe dampar rinengga,dampar
ingkang mligi cinawesake kinarya lenggahing sang mustikaning gati
wiwaha.Pepaesaning sasana rinengga kawistara edi sakalangkung peni,hangagem
puspita rinonce arum kongas gandane endah yen to dinulu,mugya kanthi endah
sulistiyaning warna mahanana dhumateng luhuring budyatama.
Lumaksana kanthi kekantenan asta,atut runtuting wirama
gangsa.Awit wantering puja puji pangastuti saking ngarsanipun para rawuh
ingkang minulya,samanke sri atmaja pinangantyan sarimbit kawistara sampun
lenggah hangana raras pida kumajaya kumaratih,samangke sri atmaja pinagantyan
sarimbit siyaga netebi tumapaking adicara saklajengipun.
Nuwun…………nuwun……………Maturnuwun